Cerkak/ AININA HUSNUL KHOTIMAH (01)
Siji Anggepan Sing Salah Dening : Ainina Husnul Khotimah Srengenge munggah njudul lewat etan.Sumilir angin gawe wit-witan podo ngawe-ngawe.Suara manuk kating manggung sesautan.Isuk iku Anjani lagi lungguh nang teras omah e.Ujug-ujug Arif teko dolan nang omah e Anjani.Arif iku konco lanang e Anjani sing wis dianggep koyo mas e Anjani dewe. "Assalamu'alaikum dek",kandhane Arif marang Anjani. "Wa'alaikumsalam mas,monggo lenggah riyen mas",jawab e Anjani. "Dek,,,langsung wae yo.Aku mrene arep ngajak dolan awakmu nang Srambang dek.Awakmu iso ogak?",takon e Arif marang Anjani. "Sepurane mas,lak dini iki aku gak iso dolan disek.Amergo tugas sekolah ku iseh durung rampung.Tapi lak sesok insyaallah aku iso mas.Mergo sesok aku ngepasi longgar gak ono kesibukan",jawab e Anjani. "Yo wes ngene wae dek,lak dino iki awakmu gak iso dolan sesok wae dolan e nang Srambang.Sesok tak parani nang omah mu dek,tak jemput jam 8 isuk ya...