Cerkak/APRILIA DEA REVIRA (04)
Musim Panen Pari
Dening : Aprilia Dea Revira
Dina minggu, padak isuk aku lan kabeh kancaku dolan ning sawah andek omah. Ning sawah wis rame, akeh wong rono rene gawani alat panen pari, ana sing gelar layar kanggo jemur pari lan ana mbah-mbah gendongi senik. Mbahku sing melu golek panenan, aku masak utawa golek maem saben isuk.
Aku : Mbah, golek panenan ing pundhi ?
Simbah : Ning etan kui lo nduk.. Enek opo ?
Aku : Badhe ningali simbah panen hehe.
Simbah : Ati ati lo nduk, ojo lali wayah
Srengenge wayah isuk jemedul ing siseh wetan gawe semangat para petani kanggo golek pari. Simbahku sing wis umur, ora kalah semangate karo kanca-kancane golek panenan. Aku lan kanca-kanca mlayu-mlayu, uber-uberan mrono mrene dulinan kucing-kucingan banjur kuwi dolanan lompat tali ing duwur suket ijo campur karo damen bekas panenan. Pardi teko,
Pardi : Hei aku melu
Yanto : Iyo Di, Rene o .. Cah cah yo ngenteni awakmu iki
Pardi : Dulinan opo ki ?
Giyem : Dulinan kucing-kucingan karo lompat tali ki Di
Pardi : Wis ndang ayo dilanjut..
Adzan dhuhur wis krungu, aku lan kanca-kanca banjur mungkasi dulinan kuwi lan mulih marang omah e dewe-dewe. Aku langsung adus terus sholat dhuhur, sak wis e aku dhuhuran simbah teko lan gendong senik e sing isine pari sg bar digolek mau. Sak banjure kuwi aku nyiapke maem kagem simbah sing wis ketok keluwen amargi durung maem kawit mau.
Sak wis e simbah ngresiki awak e, simbah sholat disek terus maem. Aku terus turu awan, amargi mengko sore karo kanca-kanca arep dulinan layangan.
Simbah lanjut mepeni pari, mergo mumpung panas ben cepet garing parine. Saben awan lan musim panen aku jarang banget ketemu simbah, amargi simbah sibuk karo parine. Sore, semilir angin ing sawah aku lan kanca-kanca gawe layangan kanggo diiberke. Hawane adem lan ayem dienggo kumpul-kumpul karo para kanca.
Pardi : Ayo cah .. ndang digawe layangane
Yanto : Iyo cah.. ndang disiapke disik alat lam bahane cah
Pardi : Iki aku wis gowo To.
Sak wis e dadi layangane, aku lan kanca-kanca dulinan layangan ing wayah sore kuwi, dikancani semilir angin.
Taq
Komentar
Posting Komentar