Cerkak/ AININA HUSNUL KHOTIMAH (01)
Siji Anggepan Sing Salah
Dening : Ainina Husnul Khotimah
Srengenge munggah njudul lewat etan.Sumilir angin gawe wit-witan podo ngawe-ngawe.Suara manuk kating manggung sesautan.Isuk iku Anjani lagi lungguh nang teras omah e.Ujug-ujug Arif teko dolan nang omah e Anjani.Arif iku konco lanang e Anjani sing wis dianggep koyo mas e Anjani dewe.
"Assalamu'alaikum dek",kandhane Arif marang Anjani.
"Wa'alaikumsalam mas,monggo lenggah riyen mas",jawab e Anjani.
"Dek,,,langsung wae yo.Aku mrene arep ngajak dolan awakmu nang Srambang dek.Awakmu iso ogak?",takon e Arif marang Anjani.
"Sepurane mas,lak dini iki aku gak iso dolan disek.Amergo tugas sekolah ku iseh durung rampung.Tapi lak sesok insyaallah aku iso mas.Mergo sesok aku ngepasi longgar gak ono kesibukan",jawab e Anjani.
"Yo wes ngene wae dek,lak dino iki awakmu gak iso dolan sesok wae dolan e nang Srambang.Sesok tak parani nang omah mu dek,tak jemput jam 8 isuk ya",kandhane Arif marang Anjani.
"Iyo mas,sesok tak enteni nang omah jam 8 yo",jawab e Anjani.
"Yo wes dek nak ngunu aku pamit muleh disek yo.Assalamu'alaikum dek",pamit e Arif marang Anjani.
"Iyo mas,ati-ati nang dalan yo.Wa'alaikumsalam mas",jawab e Anjani.
Arif langsung wae tancep gas langsung muleh soko omah e Anjani.
Bengine Arif ngechat Anjani maneh lewat whatsapp.Arif ngechat Anjani ngelengne yen sesok arep diajak dolan menyang Srambang.
"Assalamu'alaikum dek.Lagi ngopo dek?",takon e Arif lewat chat.
"Wa'alaikumsalam mas.Lagi ngerjakne tugas Sejarah Indonesia mas",jawab Anjani lewat chat.
"Aku cuma arep ngelengke wae dek,sesok ojo lali yo.Pokok sesok jam 8 isuk aku wes teko omahmu",kandhane Arif lewat chat.
"Iyo-iyo mas.Awakmu kok koyo ne wes gak sabar banget arep ngajak aku dolan sesok",kadhane Anjani lewat chat.
"Hahahahaaa,,,iyo dek,aku wes gak sabar pengen ndang refreshing ngedemne otak dek",jawab e Arif lewat chat.
"Hmmm,,,iyo mas.Yo wes aku arep turu mas,sesok ben gak kawanen lah ku tangi turu",kandhane Anjani lewat chat.
"Iyo dek ndang turu o.Mugo mimpi indah yo dek",jawab e Arif lewat chat.
"Iyo mas.Assalamu'alaikum",pamit e Anjani lewat chat.
"Wa'alaikumsalam dek",jawab e Arif lewat chat.
Anjani langsung wae turu.Kahanan Arif nang omah e iseh kepikiran Anjani terus.Dewe e bingung piye lah nyatakne perasaan e dewe e nang Anjani.
Arif satemene ndue ni rasa nang Anjani,tpi dewe e bingung piye lah arep ngomongke nang Anjani.Amergo koyo ne Anjani amung nganggep Arif sebagai mas e ora luweh soko iku.
Ora kroso lah turu Arif ujug-ujeg srengenge wes njudul lewat etan.Arif langsung wae jegegah tangi mantelengi jam lan tibak e wes jam 7 luweh.Arif langsung wae ngresik i kamar e banjur langsung adus mergo dewe e wes ono janji karo Anjani.Sabanjur e adus,Arif langsung cepet-cepet siap-siap arep ndang budhal moro nang omah e Anjani.Arif kudu cepet-cepet budhal,amergo dewe e yo arep tuku kembang disek ngge Anjani.Sawise siap-siap,Arif langsung wae pamit nang ibu ne.
"Buk,,,Arif pamit riyen ajeng dolan teng Srambang kaliyan Anjani",pamit e Arif marang ibu ne.
"Iyo le,ati-ati lho ya,nang dalan ojo ngebut-ngebut.Mengko lak mbonceng Anjani sing ati-ati yo",pesen e ibu ne Arif marang Arif.
"Nggeh Bu.Arif pamit riyen Bu,assalamu'alaikum Bu",pamit e Arif marang Ibu ne.
"Wa'alaikumsalam",jawab Ibu ne Arif.
Arif langsung wae tancep gas tumuju omah e Anjani.Ing tengah-tengah dalan,Arif ngerti toko kembang.Arif langsung wae mandek nang toko kembang iku.Arif milih-milih kembang sing arep di weneh ne Anjani mengko.Akhir e Arif milih ne kembang mawar warna merah mbi warna kuning ngge Anjani mengko.Sawise tuku kembang,Arif langsung tancep gas maneh moro nang omah e Anjani.
Tekan omah e Anjani,Arif langsung wae disambut karo Anjani nang jobo omah e Anjani.Arif karo Anjani lngsung wae mangkat menyang Srambang.Ing saben perjalanan moro ing Srambang,Arif lan Anjani disuguhi pemandangan alam kang ijo royo-royo lan asri banget.Ananging ing dalan Anjani meneng wae gk ngomong opo-opo sama sekali.Banjur Arif mancing supaya Anjani gelem ngobrol karo dewe e.
"Dek,,,aku dino iki seneng bnget iso dolan menyang Srambang karo bidadari sing ayu banget iki",kandhane Arif marang Anjani.
"Bidadari ne sopo lho mas?",pitakon e Anjani marang Arif.
"Bidadari ne iki lagi tak bonceng,hahahaha",jawab e Arif.
"Awakmu i gombal terus mas iso ne",kandhane Anjani marang Arif karo ngguyu isin.
Ra kerasa perjalanan e iku kasunyatan wes teko Srambang.Tekan parkiran Arif langsung wae ngajak Anjani mbayar tiket masuk e disek.Banjur cah loro iku mau mlebu nang Srambang.Arif ngajak Anjani mandek lungguh ing kursi disek.Banjur ngunu Arif wes gugup banget pengen ngomongne perasaan e dewe e marang Anjani.Langsung wae Arif lungguh simpuh nang ngarep e Anjani karo nggegem tangan e Anjani lan nggowo kembang sing dituku dee nang toko kembang ndek mau.
"Dek,,,aku pengen ngomong sesuatu nang awakmu dek",kandhane Arif marang Anjani.
"Awakmu arep ngomong opo mas?",pitakon e Anjani marang Arif.
"Dek,,,saktenane aku iki ndue roso marang awakmu dek,aku sayang banget marang awakmu dek,selama iki awak e dewe bebarengan terus iku muncul rasa sing nggawe aku sayang banget nang awakmu dek lan aku tresno nang awakmu dek.Jujur wae dek,selama iki aku nganggep awakmu iku ora adek ku nanging awakmu tak anggep luweh soko iku dek.Aku pengen awakmu dadi pacar ku dek",kandhane Arif marang Anjani.
"Sepurane mas,aku ra iso nompo tresno mu iku mas.Amergo aku dewe yo wes ndue pasangan lan aku nganggep awkmu iku cuma sebatas koyok mas ku dewe ora luweh soko iku mas.Dadi selama iki aku cedak karo awakmu iku ora ono perasaan sing luweh mas.Dadi tulong awakmu ojo nganggep kecedak an ku karo awakmu iki amergo jalaran tresno mas tapi aku cedak nang awakmu iki amergo jalaran aku nganggep awakmu cuma sebagai mas ku.Dadi sepurane mas,aku gak iso nompo tresno ne awakmu.Mulai saiki tulong mas,ilangno rasa tresno ne awakmu iku marang aku mas.Anggepen wae aku iki adek mu ora luweh soko iku",jawab e Anjani.
"Aku kadung tresno marang awakmu dek,dadi arep o awakmu ora nompo tresno ku iki, aku ora popo dek.Nanging tresno ku marang awakmu iki ora bakal ilang dek.Aku bakalan tetep sayang lan tresno marang awakmu dek",kandhane Arif.
"Aku percoyo kok mas,lak emang awak e dewe ditakdirne dadi jodoh e mesti sok mben awak e dewe bakal didadekno siji karo gusti Allah.Tapi lak dudu jodoh e,awak e dewe bakal di adoh no mas.Aku percoyo awakmu bakal iso ngolehne wong wadon sing luweh apik soko aku mas",jawab e Anjani marang Arif karo mesem.
"Iyo dek,tak tompo kok jawaban mu iku mau.Aku ora bakal nesu dek.Insyaallah aku bakal tegar lan iso ngadepi kenyataan iki",kandhane Arif marang Anjani.
Banjur cah loro iku mau langsung wae dadi koyok pasangan mas lan adek e.Cah loro iku mau akhir e moro menyang Air Terjun Srambang bebarengan.
Tamat
Komentar
Posting Komentar