Cerkak/AUISE MARETHA CAHAYANI (05)

Kanca Cedak
Dening : Auise Maretha Cahayani

  Pit ,piye iki pit keri patang dino meneh awakdewe Ujian, kandane Susan karo aku. Hayo piye?, yo sinau ta ben isoh! jawabku. Bel masuk wes muni. Rung ono telung menit lebar bel Pak Gunawan wes rawuh. Pak Ketua, doni laangsung nyiapke kabeh murid ndongo arep pelajaran.
  assalamualaikum warohmatuloohi wabarokatu,sapa Pak Gunawan.
  wa'alaikum sallam warrohmatullohi wabarokatu, jawabe murid-murid.
Pak gunawan iku guru matematika, beliau iku tegas,tur biasane disapa Pak Gun.
Pelajaran wes dilekasi,  Pak Gun nerangke kabeh bab IV. Susan bingung, aku kok durung dong - dong yo pit?, omonge Susan ro aku lirih-lirih.
Takon Pak Guru wae!, saranku. Nanging Susan mung meneng wae. Ketoke Susan ra wani takon.
Pelajarane Pak gun wes rampung. Sak bar e Pak Gun metu, susan takon ro aku. Susan takon carane nggarap soal seng mau. Mestine susan tak warai. Rung rampung leh ku marai Bu Sri wes rawuh.  lek marai teruske ngko meneh ya, jare Susan. Aku yo mung manut wae. Bu Sri le mulang ngasi mbengok-mbengok, masalahe muride podho rame kabeh. Susan barangyo melu rame.
 hey-hey, diam, diam semuanya, Bu Sri.
Kabeh murid do meneng, rung ono limang menit Bu Sri ngajar wes do rame meneh koyo pasar.
Hey-Hey, diam bisa tidak?, do niat sekolah ora nek ora metu wae, rasah ngganggu kancane sek pengen isoh. Wah galake Bu Sri soyo metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh murid podo, anteng ,meneng, nggatekke pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng neg suasanane kelas kondusif, tur yo muride podo dong kabeh.
Saiki wayahe ngaso, aku kelingan yen Susan arep ngedongke bab IV matematika.
sido neruske leh mu takon mau rag San?, takonku marang Susan.
sesuk po kapan" wae yo,  kesel aku , jawabe Susan.
yo wes lah jajan sek. Aku mung manut ro Susan ,kan seng butuh ngerti Susan udu aku.
Ngasi ngaso pindo Susan rung takon meneh, mungkin wae Susan wes dong.
kulo seng asli niku mboten patek seneng kaleh Susan, amargi pendak pelajaran npo mawon sek digarekke ro guru-guru mung Susan. Susan ki wonge caper,lebay,alay,nggeh niku seng marakke kulo mboten seneng.opo maleh yen kulo lagi ditangklet kaleh guru, mangkeh seng jawab Susan, dados kulo. Maksud kula Susan niku kerep banget ngrebut jatah soal ngge kulo, bu, curhatku marang Bu Bk. Aku neng ruang Bk dewe.
Pipit, saiki kowe teko sabar sek wae, Susan tok nengke wae sek. Omong apik-apik ro Susan tentang kui, mengko Susan ndak loro ati, iku sarane Bu Bk.
Nggeh Bujawabku.
Yo wes saiki mantuk sek,trus moro ng bk neh lek bali seko sekolah, lanjute Bu BK.
nggeh Bu jawabku meneh.
Sedino meneh UAS, utowo Ulangan Akhir Sekolah. Sek diujikan iku bahasa indonesia, bahasa inggris, IPA, lan Matematika. Wes ngasi yakhene Susan rung takon matematika seng mbiyen. A........yo luweh ra takon aku,batinku. Sedino iku aku rag omongan karo Susan meneh. Susan yo rag ngejak aku omongan kok. Aku yo ra nyobo omongan ro Susan seng disaranke Bu BK.
Bel pindo ,tandane ngaso. Aku ora jajan bareng Susan, Susan ngejak aku jajan, neng aku wegah. Aku jajan bareng Galih. Ngasi wayahe bali aku ora omongan ro Susan.
opo Susan reti curhatku marang Bu Bk yo? pikirku.
Sakwene neng dalan aku bali sekolah aku mung mikirke kui. Neg susan reti piye yo??. Aku kon kudu piye? Ak u bingung.
Dino wes ganti, saiki wektune UAS. Aku ra sak kelas karo Susan Aku nggarap soal kanti PD. Aku nggarap ora ono masalah, lancarlah . aku nggarap soal ora nurun,jujur. UAS pertama aku ora pethuk Susan. Ngasi UAS ke-papat aku yo ora kepethuk Susan meneh.
UAS wes rampung, bijine yo wes dumumke kabeh.Yess!! bijiku apek kabeh, ya alhamdullilah. Aku seneng aku ranking II.aku nlliki bijine Susan bedo adoh, susan ranking 30. Aku bangga isoh luwih apik seko Susan. Neng aku yo ora entuk sombong. Aku, yo rung puas ro biji semunu, tur lagi rankin II.
Wayahe ngango pisan aku lungguh neng garep kelas dewe. Karo mangan panganan. Aku wes ora mikirke Susan meneh, aluweh. Niatku iku mung arep nglaleke Susan.
Ora ngiro, Susan moro lan lungguh neng jejerku. Susan kondo yen deweke njaluk ngapuro karo aku. Aku bingung kudu piye ,masalahe aku ki arep melupakan Susan begitu. Galih banjur moro lan omong, Pit, yo dingapuro ta Susan , mesalke lo Susan nek ra dingapuro. Aku  mung meneng wae. Pit, lanjute Galih.
kowe lak wes ket kelas pitu ta kancanan ro Susan, telung tahun Pit, mosok arep tok pedhot ngunu wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi ki Pit, lanjute Galih meneh.
 ok ok, la Susan ki ngopo njaluk ngapuro ro aku barang??, takone Galih.
Susan mung mesem wae. Aku reti pas kowe curhat neng BK Pit, jare Susan. Aku mung meneng wae.
Pit, pliss yo aku dingapuro, Pit, jalukke Susan.
Susan ro Galih mung ndeloke aku. Aku bingung. Pancen bener wes telung tahun aku kancanan ro Susan. Akhire aku ngenei apuro marang Susan. Aku yo jaluk ngapuro marang Susan lan Galih yen aku duwe salah.
Ngasi saiki ,aku Galih, lan Susan kancanan raket. Aku seneng isoh nduwe kanca koyo Galih lan Susan.


.....TAMAT.....

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak/RAFHELINA JAYNATASIA M (26)

Cerkak/CYNTIA VINDIANA (07)