Cerkak/AVRILIFA ARIN (06)

Medotke Pancing 
Dening: Avrilifa Arin 

      Liburan tahun wingi nalika Rudi lan Rahman isih kelas enem SD, ing Magetan ana panggonan mancing ingkang terkenal ing desaku jenenge “Telaga Wahyu”. Telaga Wahyu iku sawijining panggonan wisata ing wewengkon Kabupaten Magetan. Luweh pas dumunung ig Desa Dadi Kecamatan Plaosan. Yen soko Magetan jarake 15 km. Telaga Wahyu iku panggonane sakwetane Telaga Pasir rada mangisor.
      Rikala dina kekeloro liburan Bapake Rudi seng jenenge Lek Marwan, entuk brosur saka kancane wong Magetan. Bali saka kerjanan Lek Marwan arep menehi ngerti Rudi. Teko omah kancan Rudi, Rahman wis ana ing omahe Rudi, dadi Lek Marwan menehi ngrti Rahman barang.
“Rudi, Rahman, rene le bapak arep menehi ngerti tentang bab liburan iki.” Omonge Lek Marwan ben bocah loro mau seneng lan gelem ngrungokke.
“Ana apa pak.” Pitakon soko Rudi lan di lanjutne dening Rahman, “Iyo ana apa Lek.”
“Iki bapak oleh brosuk mancing soko koncone bapak wong Magetan. Bapak ing dino arep mancing ing Telaga ing brosuk iki. Sapa sing arep melu?” Lek Marwan nawani sapa sing aep melu. Lang akhire loro-lorone ngacung kabeh. “Yo wis, lak ngono Rahman mengo badhe matur bapakmu ya. Nyuwun tumbasne pancing supaya bisa melu mancing ing panggonan iki”
“Iyo lek, yen ngono aku tak bali, arep matur bapak aku.” Sak wise ngomong, Rahman mlayu menyang omahe seng panggonane ing samping omahe Rudi.
      Ing omah, Rahman matur dening bapake sing jenenge Lek Pardi. Lek Pardi gelem numbaske pancing nanging sesok wae amerga dina wes sore.
     Sesok isuk, ing omahe Rahman, Rahman nyapu ngarepan ngewangi ibuke. Sak wise ngiwangi nyapu, dene nyuwun opah, opah iku di lebokke celengan karo Rahman. buba ngiwangi nyapu, Rahman moro ing omahe Rudi. Deweke nakoni Rudi wes duweni pancing apa durung.
“Assalammualikum, Rudi” Rahman mlebu ing omahe Rudi. Terus marni Rudi ing ruang tengah.
“waalaikumsalam, Man. Ana apa, Man? Awakmu wis duweni pancing?” Rudi malah ndikiki takok menyang Rahman.
“Durung, Rud. Aku iseh nyelengi. Awakmu wes nduwe ta, Rud?” Rahman nyauri pitaonan Rudi nganggo praupan wajah sing sedih.
“Aku wes duweni, Man. Aku pancen duweni loro, nanging sijine duweke bapakku. Kae apa neng pojokenne ruang tamu.” Karo nduding ing pojok ruang tamu ing sak ngarepe ruang tengah.
“Oiyo, pancingmu apik ya, Rud?” Rayune Rahman menyang Rudi. “Tak silih sedilut oleh gak iki?” Karo demeki pancinge Rudi.
“Oleh wae, tapi iku arep dienggo bapakku.” Rayuke Rudi.
“Mung tak demeki tak kak. Iki iso ceklek gak, Rud?” pitakonne Rahman maneh. Karo mlengkung-mlengkungne pancing mau.
“Yo sak mestine iso ta, Man. Ojo mbi lengkung-lengkungne mengko lak ceklek lho, Man.” Bubar omong pancing mau ceklek.
“Clleee....kk”
“Yo to, awakmu lak dak kandani mbokyo gugu ta, Man. Lak wes kebacut ngeneki kepiye jajal?” Sambunge Rudi amergo pegel menyang Rahman.
“Aku njaluk ngapuro, Rud. Tapi aku gak iso ngijoli sak iki pancingmu” Rahman ngeroso salah amergo wis nugelne pancinge Rudi.
     Amerga lara ati pancinge ditugelne Rahman, Rudi kebacut ngelokke Rahman seng dadi anakke wong ora dewe kok nakalmen sampek medotke pancing ngenne Rudi.
“Kowe ki jane nyapo tt, Man? Kowe ki anakke wong ora nduwe, Aku ki kurang penak piye neng kowe? Wes tak jak mancing, wis tak silihi pancing, kok malah kok pedotke pancing ku?” Rudi muni ngono gak sadar marang Rahman.
“Sepisan meneh, aku njaluk ngapuro, Rud. Aku pancen anakke wong ra nduwe. Salahku barang nyapo melu mancing, terus medotke pancingmu. Aku nj aluk ngapuro, Rud. Aku bali kek, Rud” Rahman ngomon ngono nganggo perasaan ing sedih. Akhire rahman mlayu muleh.
Ing omah, Rahman meneng wae ora gelem cerita menyak ibuke. Dewekke macak biasa-biasa wae, terus sarapan. Sak wise sarapan, dewekke ngiwangi ibuke korah-korah, banjur njaluk opah.opah iku di lebokke ing celengen meneh. Pas sore, sak wise sholat asar Rahman nemui bapake ing teras. Deweke nakokne kok durung ditukokne pancing. Tibakke Lek Pardi durung gajian, gajianne di undur ing dina jumat, dadi lagi iso nukokne pancing Rahman ing dino sabtu. Rahman akhire pasrah.
Rongdino sakwise kadadean iku ing dino jumat, Rahman ndudah celengan kanggo ngijoli pancinge Rudi. Tibakke celengenne Rahman iseh kurang, amerga pancinge Rudi iku pancing larang. Rahman bingung, lan ngolekki coro supaya iso ngijoli pancinge Rudi. Sak wise bapakke Rahman bali, Rahman lagi nemoni ide kanggo ngijoli pancinge Rudi. Deweke matur menyang bapakke,
“Bapak, sampeyan sampun gajian nopo dereng nggeh? Menawi sampun kula badhe san....” Sak durunge bar anggone omong, omonganne disahut bapake.
“Wes le, bapak wes gajian. Sesok wae lak arep tuku pancing. Sesok karo minggu bapak prei. Keprie awakmu longgar ta?” Sahute bapake.
“Enggeh pak, kulo longgar, nanging niki wonten masalah pak. Ngenten pak, pancinge Rudi seng sijine kulo pedotke. Terus Rudi nesu lan ngelokke kulo putra tiang mbonten gadahan lan pundijak mancing kok teseh medotke pancinge, ngoten Pak.” Rahman cerita marang pabake masalah winginanne.
“Ngele Le, pancenne kowe anakke wong ora nduwe, kowe seng nerimo wae ya. Iki gajine bapak yen arep mbok gawe ngijoli pancinge Rudi. Nanging Kowe ura usah melu mancig, mergo cukupe iku mung kanggo tuku pancing siji.” Lek Pardi nenangke Rahman, supaya leluasa nerima suasana.
“Ngeten pak, rencana kulo, kulo badhe nambahi nganggem arto celengan kulo. Lak ngonten pripun pak” sambunge Rahman sumringah.
“Yo wis le ora masalah. Yen mengkono, sesok isuk neng pasar tuku pancing.” Saure bapake Rahman.
Sesok isuk, Rahman tangi isuk-isuk amergo arep tumbas pancing ing pasar. Kaya biasane sak durunge sarapan dewee ngiwangi ibuke nyapu latar. Bubar sarapan, Rahman lan bapakke budhal ing pasar nunggang sepeda. Ing pasar sepedane di deleh ing ngarep toko pancing. Ing toko pancing iku, ora ana pancing sing kaya duwene Rudi, akhire seng nduweni toko nyaranke yen ngijoli loro seng jumlahe regane pada kaya duwene Rudi. Rahman seneng bis ngijoli pancinge Rudi, meski ogak pada lan luweh murah. Tekan omah, Rahman ndeleh pancing ing ngon aman supaya ora pedot kaya ngene Rudi.
Sesok isuke, ing dino minggu. Rahman, moro neng omahe Rudi gowo pancing loro wingi. Ing ngarep omah wis ana Rudi sing siap-siap arep budhal mancing.
“Rud, aku arep omong karo awakmu.” Rahman ngomong menyang Rudi karo dredeg, mergo wedi diloke maneh.
“Ana apa, Man? Kowe arep melu mancing? Aku mung melu liburan ora melu mancing.” Jawaban Rudi sodok gak penang ing atine Rahman.
“Ora, Rud. Aku aro sido melu. Iki aku arep ngijoli pancingmu.” Karo ngeungke pancing seng di gowo. “Aku sadar, aku anakke wong ora duwe, dadi tak ijoli sak isoku, Rud.” Teruse Rahman. Rudi mbukak tali seng ndadekke siji loro pancing mau.
“Aku iki koncomu, aku gak galak nmen kok menyang kowe. Iki pancing sijine kanggo kowe wae.” Karo menehne pancing sijine. “Nggonen mancing bareng aku” Rudi ngajak Mancing Rahman.
“Iki piye maksude, Rud?” takone Rahman mergo bingung diwenehi pancing.
“Omonganku seng winginanne kae ojo mbi pikirno nemen-nemen. Aku wes ngerteni yen kekancan iku kudune njogo atine. Padahal kowe wes njaluk ngapuro nyapo kok aku seh nesu-nesu. Aku njaluk ngapuro, Man?” Panjelasan soko Rudi nyang Rahman garai atine Rahman bungah, akhire cah loro mau rangkulan. “Ayo mancing melu aku lan bapakku ing Magetan? Iseh gelem ta?” Teruse Rudi.
“Iyo, Rud. Tak pamitan menya bapak lan ibukku dikek.” Rahman mlayu neng omahe.
Ing ngarepan omahe, bapakke lan ibuke is ing kono. Deweke pamit menyak bapak lan ibune. Lan Rahman di wenehi pitutur marang bapakke.
“Man, yen kancanan seng akur yo. Ojo ngerusakke kancanan. Yen kowe ws kadung ngerusakke kekancananmu, banjur ojo isin njaluk ngapuro lan tanggungjawab.” Pitutur saking bapakke Rahman.
“Inggeh pak. Buk, Pak, kulo pamit mancing rumiyen?” jwabanne Rahman menyang bapakke.
“Iyo le ngati-ngati.” Sauranne ibukke karo nyangoni Rahman.
Rahman budhal mancing karo Rudi lan Lek Marwan  nunggangi mobile Rudi. Tekan ing Magetan cah loro lan Lek Marwan mancing. Sak wise oleh iwak akeh, Lek Marwan ngajak Rudi Karo Rahman muleh. Teko omah, iwake mau, di bakar bareng-bareng.

~ RAMPUNG~

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak/RAFHELINA JAYNATASIA M (26)

Cerkak/CYNTIA VINDIANA (07)