Cerkak/ANTIKA DWI PUJI SUSANTI (03)
Mbah Midi Tuku Susu
Dening : Antika Dwi Puji Susanti
Wayah wengi udan gerimis, Mbah Midi kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Midi menyang pasar golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Midi.Mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga.
Penjaga:
“Badhe mundhut punapa Mbah?”
Mbah Midi kaget dicelok simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune.
Mbah Midi:
Menawi susu bubuk wonten mboten Mbokdhe?”
Sing jaga kaget banget dicelok Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes keras marang Mbah Midi.
Penjaga:
“Loh kok dicelok Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah! Kok sakpenake dhewe nyelok Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!”
Mbah Midi:
“Lha sampeyan ngapa kok nyelok kulo simbah? Umurku lagi seket telu, kok dicelok simbah?”
Penjaga:
Loh, Rama kulo umure inggih seket papat sampun kagungan putu. Adhi kulo nikah umur pitulas, sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun dicelok simbah, dadi aja protes rumangsa enom terus!”
Mbah Midi:
“Yaaaaaaaah.... sampeyan injih mboten pareng protes dicelok Mbokdhe! Wong rayi sampeyan sampun kagungan putra kaleh! Injih Mboten???”
Kanca-kancane penjaga toko ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi ora iso njawab pitakone Mbah Midi. Kepeksa Si penjaga toko ora sido nyelok simbah marang Mbah Midi. Diganti nyelok "Om" wae amarga luwih enom setahun tinimbang Ramane.
Penjaga :
“Nggeh sampun om. Badhe mundhut punapa?”
Mbah Midi:
“Susu bubuk lek.
Penjagane kaget meneh amarga dicelok lek. Penjaga uga protes meneh marang
Mbah Midi.
Penjaga:
“Lo lo lo lo... La kok malah dicelok lek iki kepiye?
Mbah Midi:
“Sampeyan tak celok mbokdhe ora gelem saiki tak celok lek sampeyan iseh protes. Jaluk e sampeyan kepiye?
Penjaga:
“Umurku iseh selikur mosok sampeyan celok lek. Ora iso, aku emoh. Sampeyan nyelok aku saiki kudu tante.
Mbah Midi:
“Wong tuwa saiki wes ora nuweki. Karepe pengin enom terus.”
Penjaga:
“La sampeyan wau nggeh ngoten om, aku yo melu-melu. Nggeh sampun, niki sios mundhut susu napa mboten?
Mbah Midi:
“Sido nte, 2 plastik wae. Pira regane?
Penjaga:
“Sepuluh ewu om.
Mbah Midi:
Iki duwite. Yowis nte suwun.
TAMAT
Komentar
Posting Komentar