Cerkak/DHANISA TRIAS ELLIANA (09)
Pengalamanku
Melu Lomba Olimpiade Bahasa Inggris
Dening
: Dhanisa Trias E.
Awale aku melu lomba Olimpiade Bahasa Inggris iki ,
amarga aku iseng melu koncoku
lomba, sing jeneng e Ayuni lan Kiki.wektune pas aku kelas X SMK, Aku
melu jebule soale yo ora gampang .
Carane ora padha kayak biyasane soal soal sing pernah dikerjakne nanging soal
soal e kui ameh padha kayak soal e ulangan TOEIC utawa TOEFL.
Nalika diseleksi,
aku lulus seleksi tes ing sekolah.
Amarga dideleng soko minat e siswa cuma enek wong 20 siswa,nanging soko 20
siswa iku, isek maneh diseleksi sampek dijupuk cuma 6 siswa sing makili sekolah, kaliyan ora membayar (alias gratis, hehehe). Aku seneng banget
amarga bisa lolos seleksi dadine iso ngewakili sekolah ing Madiun .
Lombane di awiti jam 8
esuk dene debate diawiti jam 7 esuk ,
panggone ing Universitas PGRI Madiun (UNiPMA) . Sampek ing kono, Aku banjur
goleki panggon kanggo melu Olimpiade ne iku., ing kono aku ndue kenalan akeh
banget saka SMA N 3 Madiun, SMA N 2 Madiun, Man 1 Magetan, Lan Sekolah sekolah
laine
Awale aku deg-degan
banget,Nalika Aku lolos 25 besar .Nanging ing babak 15 besar aku ora
lolos. Nanging Aku tetap seneng amargi
iso ngewakili sekolah lan iso ngerteni kahanan e ing lomba iku kepriye ae. .
Papasan ing babak final
Olimpiade babak 10 besar di Rebut ne dening SMA N 3 Madiun, SMA N 2 Madiun, SMK
N 1 jiwan, Lan Man 1 magetan., dening debat bahasa inggris e direbutne dening
SMA N 2,lan SMA N 3 Madiun.
Nalika aku kelas 2 SMK.
Aku ameh melu lomba kui, nanging sekolah ku ora ngewakili. Mergo ora ditunjuk,
sing ketunjuk yaitu SMK N 1 Pitu, mergane Sekolah ku wes bolak balik ngewakili
terus saben tahun e,sing melu lomba iku bakal entuk sertifikat.
Yen entuk juara 1 entuk
duit 1.500.000, piala, lan sertifikat, dene juara 2 entuk duit 1000.000, piala
lan sertifikat, dene juara 3 entuk duit 500.000, piala lan sertifikat dene
juara 4 entuk piala lan serifikat.
Seneng banget yen iso
ngentukne juara ing lomba kasebut, nanging piye maneh kabeh kui ora rejekine.
Ing Lomba Debat bahasa inggris SMK ku ngrasa kecewa banget karo panitia UNIPMA,
Sing jarene lomba debate kui ora open teks
utawa nganggo teks, nanging SMA laine pas babak semi final Open teks, akeh
SMA SMK sing melu lomba iku podo kecewa karo panitia UNiPMA mergo opo sing
disampekne pas Teknichal meeting karo pelaksanaan lomba ora podo.
Panitia lomba debat
provinsi omong, iki kabeh jenenge ora lomba debat nanging iki kabeh jeneng e
lomba pidato bahasa inggris ora lomba debat.
Pas iku, panitia
ditakok i marang guru pembimbing e soko sma, smk sing melu lomba kasebut.
Nanging panitia cuma iso omong, "kita cuma menjalankan saja pak bu, kalau
masalah itu saya tidak tau!" Lomba kui nggo ajang para siswa uji
kemampuan, ora cuma uji kendel pas lomba.
Kabeh sekolah podo
kecewa, mergo ora trima yen juara 1,2,3,direbutne dene SMA N 3,lan SMA N 2.,
dene juara 4 di Rebutne SMK N 1 Ngawi.
Akhire Lomba kui
dipungkasi jam 5 sore, juara 1 SMA N 3
Madiun, Juara 2 SMA N 2 Madiun, juara 3 SMA N 3 Madiun lan juara 4 SMK N 1
Ngawi.
Komentar
Posting Komentar