Cerkak/DITA REFA O (10)
KILANGAN KANCA
Dening : DITA
REFA OKTAVIA
Nang siji desa
yaiku Desa Rejomulyo,ana sekumpulan bocah-bocah sing jenenge, Fifi,Dimas,Andi,Rengga.Bocah 4 pancen wes dadi kanca kawet cilik terus
kaya ora bisa dipisahna.Dadi kanca susah,seneng,sedih mesti ngrasakna
bareng-bareng.Bocah 4 kae sekolah nang siji sekolah yaiku nang SMA 1 Bojonegoro,tapi beda kelas kabeh. Fifi, Dimas,Andi kuwi
kelas 1 SMA, nek Rengga kelas 2 SMA.
Nang siji dina kae cah
4 bali sekolah bareng saling ngenteni, amarga siki Bulan Ramadhan dadi sekolah
bali isuk,
tapi si Gilang malah sue banget dienteni ora teka-teka.
Dimas : “Kae rengga nang ndi, ora keton-keton ket mau??”
Fifi : “Eseh nang kelas dim , tapi uwes tek SMS”
Dimas : “Ya uwes enteni ae”
Ora let sue si rengga teka ngampiri bocah 3 mau.
Rengga : “Ngapura ya aku telat, anu mau ana tambahan pelajaran nang kelas, hehe”
Angga :
“Iya ora papa, ayo
bali saiki wae”
Fifi,Dimas,Andi,Rengga terus bali numpak motor. Fifi karo Andi ,Rengga karo Dimas. Tekan umah si dimas ngomong karo kanca-kancane
Dimas :”He mengko sore aja paada kelalen
ya?! Kumpul nang tempat biasa jam setengah lima”
Fifi :”Sip!!”
Rengga :”Okeh..”
Andi :”iyee crewet, haha”
Bocah 4 mau terus pada bali meng umahe dewe-dewe.
Jam dinding wes nunjukna meh jam setengah lima, langsung ae pada
mangkat. Nang tempat biasa yaiku cedak
umahe si dimas wes
ana si dimas
lan rengga,
bar kue Fifi teka terus si andi. Cah 4 kae mung jegongan karo ngingeti
kendaraan sing pada lalu lalang. Kegiatan kie wes biasa dilakukna, itung-itung
ngabuburit amarga saiki bulan ramadhan. Salah siji sekang kae bocah ana sing
ngomong.
Rengga :”Puasane gari seminggu meneh ya? Kowe wes pada tumbas apa ae? Hhe”
Fifi :”Lahh yo kaya biasa kie,aku tuku klambi hehe”
Dimas :”aku malah urung tuku apa-apa kie lah jann??”
Rengga :”Sabar ae, ora tuku sing
anyar-anyar ora gawe mriyang kok? Haha
Andi :”aku malah lagi binggung, arep tumbas
klambi set apa helm yaa? Mumpung ana duit si kie hehe?”
Rengga :”Tuku apa ae kono lah sing penting
kowe
seneng, haha”
Andi :”Lahh kowe penak e tuku kafan ae yo (ngece dedi)”
Fifi :”Hustttt..!!! ngomonge aja
ngawur lah ndi !
Andi :”Iyalah ora ora, ngapura hehe”
Akhire bocah 4 kae lanjut crita-crita. Wes jam
setengah 6, bocahan mau kae akhire bali amarga wes meh magrib lan waktune buka
puasa.
Bengine bocah 4 mau ora lagi dolan bareng, tapi dolan dewe-dewe. Nah si andi kuwi
dolan karo kanca-kanca kelase. Nang tengah dalan andi ketemu karo Fifi.
Fifi :”Kowe arep menyang endi ndi?”
Andi :”Dolan kie, lakowe ape menyang endhi fi? Wes bengi kok urung bali?
Fifi :”aku bar
ko
warung tok kok,
aja kewengen kowe dolane ndi
!
dolan sing bener”
Andi :”Iya fii, aku lunga sek ya hehe?”
Fifi :”Iyaa. (jawab karo mesem)”
Sidane si andi i dolan, tapi malah ora weruh wektu ngasi jam 1 esuk. Mbuh piwe critane si andi bali gawa motor kebut-kebutan pas nang dalan
turunan sebelahe blumbang cedak
umahe andi.
Amarga ngantuk atau apa mbuh kae bocah
gawa motor oleng terus nabrak trotoar lan akhire tibo, tambah-tambah wong
kejegor
blumbang. Amarga kuwi terus njegor blumbang ora bisa nyela lan wes
luka parah nyawane ora bisa ketulung amarga sing nulungi pada sue tekane.
Esuk-esuk ana sing ngabari kancanane andii yaiku Fifi, rengga,lan dimas,
anger si andi
wes ora ana(meninggal) gara-gara kecelakaan mau esuk jam 1. Cah 3 kuwi langsung meng umaheandi deleng jasade sing ngletak nang lantai. Fia,
Angga, Gilang ora percaya karo mblebes mili nger kue kanca dekete kae bocah
sing wes ora ana. Jam 10 esuk waktune dikubur, kanca-kanaca kro sodarane
keluargane andi pada nganter meng
peristirahat terakhir. Kabeh wes terjadi ora bisa dihindari, kuwi wes takdire sekang maha kuasa. Fifi, dimas ,rengga mung bisa sabar lan iklas ngrelakna sing wes terjadi
karo kancane kuwi
lan berdoa semoga almarhum diterima nang sisi Allah SWT. Aammiin............
Komentar
Posting Komentar