Cerkak/DEVINA SINTIYAWATI (08)
MBAKKU
Dening : Devina Sintiyawati
Pas neng ngawi mbakku mung sedilut ora sui- sui,paling sui 3 dino. Karepku jane rodok sui ngunu tapi pie maneh ning magetan dhewek e wes ndue omah ,ora penak nek ninggal omah sui-sui.
Dina minggu anak e prei sekolah biasane dhewek e dolan ing ngawi, masio wi neng omah ngawi,mbakku ijek tetep dolan masio wi neng alun-alun opo neng luwes ngunu.Nek ra ngunu yo blonjo biasane aku kon ngeterne,pas dhewek e neng ngawi aku oraiso dolan bareng kancaku amergo kon batur i dhewek e terus. Tau aku dolan mbi koncoku pas dhewek e muleh neng omah ngawi, pas kui aku di sms terus kon muleh,banjur aku muleh terus dhewek e crita ra nggenah marang aku. Ya ngunui seng ratak seneng i. Masio ngunu tapi aku tetep sayang marang mbakku seng uayu dewe.
Senengku pas dijak dolan terus dibayar i dijajakne wahhh,, uayem aku seneng rasane ati,aku nek dolan biasane gowo boloku. Ngunui karo mbakku yo ra disenen i malah kon ngejak. Banjur dijak dolan bareng numpak mobil lan di jajakne sisan,kon nolak kepriye yoan.
Critane mbakku ngajak buk ku pakku lan aku metu bareng ning alun-alun. Sekitar jam setengah 8 bengi,anak e mbkku lan bojone yo melu. Bojone mbakku gowo mobil panter. Pas wes teko alun-alun bingung arep nyapo ngunu,mbakku ngejak nangkring ning pinggir dalan utowo dalan cedak e mesjid agung. Ning kana ngobrol-ngobrol sui banjur pesen jajanan yaiku sebangsa sosis goreng,tempura ,ngunui pokok e. Mergo pas malem minggu warung e lumayan rame dadikna rada sui nek ngedol i, sak wis e jajan sosis terus golek es yaiku es degan. Masio ora neng cafe cafe megah tapi bapak lan ibukku seneng atine amarga iso ngumpul bareng. Sak uwis e ning alun-alun mbakku ngejak muleh ning omah amarga uwis jam 9 bengi. Dalan ing omahku ora ana lampu ne,terus ngeliwati kuburan akeh banget marai aku ndredeg wae. Lha pas tengah perjalanaan mobil e mbakku mandek ing ngarep kuburan pas peteng sisan,kui seng marai aku tambah wedi . Karo bojone mbakku tetep dicoba menawa iso mlaku, akhir e iso mlaku nanging munggah dalan duwur cedak e kuburan iku tok. Tibakno bensin e entek,bapak ku lan bojone mbakku banjur golek bensin karo mlaku. Let sui bapak ku lan bojone mbakku mbalek terus mobil e di isi bensin,bar wi muleh sampek teko omah turu.
Pas jek jaman e anggo kol ugung mobil panter aku dijak dolan mbakku karo bojone ning luwes banjur aku ditukokne klambi,atiku rasane seneng banget. Aku ditukokne jajan ,intine nek ambi mbakku aku dijak seneng-seneng wae. Sak uwis e kui banjur muleh neng omah. Pas neng dalan mobil e mancet- mancet wae,garai aku dredeg. Terus akhir e mobil e mati ing cedak e prapatan. Amarga mbutuhne waktu sing sui lan uwes bengi ,mbkku nelpon bapak ku sing nig omah. Untung e telpon saka mbakku diangkat kalih bapakku. Bapakku jemput aku lan mbakku ing prapatan mau banjur muleh. Bojone mbakku jek ndandani kol e seng mancet mau. Sak wis e mapak,bapakku terus ngiwangi bojone mbakku mau. Akhir e mobil kol e iso mlaku sampek teko omah meneh.
Sakwis e teko omah aku langsung turu ning kamar. Sesok e lagi tak critak ne ning bapak lan ibukku mau.
Komentar
Posting Komentar