Cerkak/ANIS NAFIDHATUS SHOLIKAH (02)
Gusti Kang Maha Agung
Dening : Anis Nafidhatus Sholikah
Nganti pak lurah iku gumun, Pak Tejo seng paleng sregep resik-resik, malah ora mlebu. “Gek ono opo yo?, Pak Tejo seng tukang resek-resek kui biasane mesti teko gasik”. Gawean seng kurang penting disek-sek, Ora suwi we wes rampung ganti nandangi liyan. Dadi wes perangkat desa teko kabeh rapat yo wes arep dilekasi pak lurah banjur medal neng pawon nggoleki garwone ngendiko :“Buk, mengko nek wes akeh sing rewang nandangi kanggo nyugoh seng rapat, Mbok kono neng pak tejo ditiliki, kok ora mangkat nyambut gawe?, Langsung sumaguh bu lurah, terus langsung tindak neng omahe pak tejo.
Basan tekan omahe kok malah tutupan rapet suwung. “Kiro-kiro gek do menyang ngendi yo?, Anake pak tejo yo ono seng lanang lan wadon. Diko lan weni, seng diko wes kelas 1 SMK, lan si weni lagek kelas 2 SMP. Bocah loro kui pinter-pinter ora tau seng jenenge nunggak kelas. Yen wes mulih sekolah yo podo pengerten ngrewangi wong tuone. Nalikane libur diko kerep ngenteni bapake, yaiku gawean resik-resik kebon lan nata balai desa sak wise do muleh. Ora salah yen bapak lurah lan keluargane demen mbek anak-anake pak tejo seng podo sregep lan bekti kui.
Presa omahe pak tejo suwung bu lurah banjur neng omah wetane nggone mbokde Rah, pas kebeneran lagi ngresiki sumur, lan ngendikone. Dhe Rah!, kok griyone pak tejo tutupan yo, kinten-kinten sami kesah teng pundi?, Dhe Rah lan dengengek karo nyedak mangsuli.
“Owalah, Nganu bu, Pak tejo niku nembe ngeterke garwone teng puskesmas. Mungale sampun gangsal dinten sambat mumet, malah kolo wingi kulo sampun keroki, sanjange pak tejo, saking wau ndalu mboten saged tilem nggeh badane sedanten sami gemeteran. Pramila wau terus diboncengke di beto teng puskesmas?bu. Lurah terus ngendiko :Owalah...Ngoten nggeh de Rah, suwun nggeh diparingi ngertos, mangkeh kulo aturaken teng pak lurah?, sak wise ngendiko kui bu lurah langsung kundur, esuke bare pak tejo nyambut gae koyo biasane. deneng pak lurah sak wise di ngertosi garwone, yo ora suwi langsung titik marang omahe pak tejo, titik marang garwone pak tejo seng jarene nembe loro.
Basan tekan omahe pak tejo lan kabeh keluarga pak tejo podo nunggoni marang garwone pak tejo. terus pak lurah sak keluargo langsung mlebu marang seng nggone loro garwone pak tejo. Nalikane tekan ngarep lawang, teko-teko mireng lagi podo sembahyang pak padi ingkang imam. Pak lurah banjur ora sida mlebu supoyo ora ganggu. Pak tejo iku wong seng sregep ngibadah neng masjid. Neng masyarakat yo apik, tetangganan yo apik. tansah yo pinter matur kaleh tyang umum nopo liyane. Barang wes rampung lek solat banjur pak lurah mlebu.Assalamualaikum, kepiye bu tejo, laramu opo?, Pak lurah bu lurah, matur suwun sampun tindak teng nggen kulo, sakit kulo nggeh katah sanget pak lurah naming nggeh pun katah sudanipun?, mature kirang jelas banjur disambung aleh pak tejo matur : “Ngendikanipun dokter kolo wingi. katah pikiran?. Owalah...mikir nopo sampean niku bu tejo”. Ndok weni kolo winggi cerita, yen nok weni mboten angsal nderek ujian kaleh guru kelasipun, bu tejo banjur ora biso nerosake matur amergo mrembes mili.
Semono ugo yo ndok weni nderek nrocos mripatipun. pak lurah sekalian kepengen reti opo sebabe. Banjur pak lurah ngajak weni metu neng arep omah. terus lungguh marang lincak pak lurah banjur suwi : “Sak jane mbokmu kuwi mikir opo ti ni, yen mengko bisa pak lurah bantu mesti bakal tek entengke ni”. Banjur weni matur, “Simbok niku sisiah amergi dereng saged bayar SPP 6 wulan.Sekalian arto damel ujian ganggsalatos ewu rupiah?” ature weni karo sesenggukan.
Wes wen rasah di piker, yen iku seng nyebabke mbok mu loro sesuk tak cukupi. Sesok mlebuo tak gawani duite gawe bayar kekurangan lan SPP mau. Terus pak lurah sekalian mlebet maleh teng nggen loronipun bu tejo, banjur matur marang bu tejo. “Yu utangmu sek dek biyen gak usah di saur. aku rila lahir batin. Saikai di gawe lego ben ayem lan cepet waras maneh. Perlune yen ono kerepotanku, sampean kang tejo mbek bocah-bocah bisa sami sareng ngrewangi?. Sak uwise ngendiko banjur pamit kundor bu lurah lan pak lurah. Nalikane wes bar nguntapke tekan latar pak lurah lan garwone.
Bu tejo wes biso lungguh, weruh anake podo mlebu banjur tangane diantungake weni. Weni lan bu tejo rangkulan kang kraket karo tetangis disekseni marang pak tejo seng lungguh neng wetan amben. Sak wise mrimbik-mrimbik utawa nangis, bu tejo marang weni :Ndok, kowe lan bappakmu, syukur-syukurno olehmu leh matur panuwun marang ghusti pangeran Allah swt. Syukur marang kabeh paringe rezeki lan liyane. Iyo mbok, mula yen dadi wong ojo ngersulo, janji eling marang kang nyiptakno alam dunia, ghusti mesti bakal paring pitulungan marang mahkluke. Weni nyambung : “Iyo pak, mbok. Ghusti Maha Adil lan maringi rezeki lumantar pak lurah lan bu lurah. “Bener ndok, ghusti iku maha welas lan asih?” Banjur kui keluarga pak tejo solat isya jamah.
Komentar
Posting Komentar