Cerkak/CYNTIA VINDIANA (07)

Kekarepan Kang Ora Pedhot
Dening : Cyntia Vindiana (07)


    Ngadeg neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.

     Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesti bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek perumahanku. Pak Noto. Bakul bakso  nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk “bakso Mas ” Aku banjur mbukak pager, mangan bakso karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak noto uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku bakso.
 Pak Noto padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene, sing jarene nggon duwit. Mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe rodha papat gaweyan Jepang modhel sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor sing ruwangane adhem.
     Pak Noto crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi ana dalan sing dawane watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku pancen durung nate weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Noto mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Noto wis digusur arep kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe (jenenge wae ganti rugi, mesti ya sak cukupe). Coba yen jenenge diganti ‘ganti untung’. Mula akeh wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah kuwi.
 “Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna Pak?” Pak Noto mung mesem krungu pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon maneh.
 “Lah yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?”
 “Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah, wong pancen mboten gadhahane.”
 Pak Noto terus ngladeni wong tuku. Aku mangan bakso sing mung kari siji ning tanganku. Aku gumun dene Pak Noto yen ngomong karo aku nganggo basa alus. Mangka Pak Noto umure ora beda adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku bakso banjur dadi langganan, Pak Noto malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.

“Panjenengan niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basa lho kalih kula.”
Oalah, donya kuwi jebule pancen isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku klebu wong begja. Lair ning kluwarga sing ana lan bisa ngrasakna kamukten urip. Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging sakora-orane yen kepengin apa-apa bisa keturutan.
     Nanging wong sing kaya Pak Noto, menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi.
     Sejatine miturut panemuku, mbuh kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngana kuwi wis digarisna dening sing Maha Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing kedadeyan? Ing jaman saiki sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing kuwat ngidak-idak sing kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning urip.
     Pak Noto, lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf sing kudu minggir amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan kutha. Nanging wong kaya Pak Noto arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora nalika ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.
 “Pak, wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi modhal, terus gawe home industri, baksone diwenehi cap terus didol nyang supermarket?”
 “Wah, mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan kangelan ndadak pados bakso teng supermarket,” Pak Noto ngguyu latah-latah.
 “Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting saged damel urip lan nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisan napa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul bakso, anake kula nggih sampun ngantos kados bapake.”
     Biyen aku nate nawani Pak Noto, supaya anake nyambutgawe neng pabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake mesti ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak Noto, tinimbang anake nganggur.
 “Golek gaweyan saiki angel lho Pak.”
 “Wong tiyange tesih sekolah kok Mas.”
 “Rak wis lulus SMA ta?”
 “Lha nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa… niku, skripsi napa,… Duka napa jenenge. Pokoke mpun meh rampung…kantun setunggal niku.” Skripsi? Anake Pak Noto kuliah? Apa kuwat Pak Noto nguliahake anake? Kuwi mung tak batin wae. Kuwatir yen Pak Noto mengko tersinggung.
     Wis meh rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobag baksone Pak Wiryo. Aku ora ngerti kena apa Pak Noto ora katon liwat ning dalan ngarep omahku. Apa Pak Noto lara? Apa omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh kiwa dalan.
     Sore kuwi aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Ora melu kendaraan-kendaraan ning mburiku sing padha ngunekna klakson. Stir dak buwang mengiwa menggok mlebu ning jurusan lapangan golf. Ning sawijining gang aku mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa diliwati mobil. Aku mlaku saurute pager sisih njaba lapangan golf sing durung rampung digarap kuwi.
     Aku yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Noto. Nyawang mengarep. Rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggo helm kuning. Ning panggonan liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng lan barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa wong-owong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing nggoleki barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata karo lemah. Lan omahe Pak Noto mesti klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser.
     Srengenge manglung mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kana. Perusahaanku ya duwe buldoser kaya ngana kuwi.
Kelingan karo Pak Noto, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesti ana sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo mbangun unit anyar.

     Srengenge mbranang ing langit sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak listrik, gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane bocah-bocah cilik jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng ngarep omah. Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak Noto. Wingi aku krungu kabar yen Pak Noto digawa anake menyang Batam. Anak sing nate tak tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Dheweke dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak Noto: “Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng kalah…

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak/RAFHELINA JAYNATASIA M (26)