Postingan

Cerkak/ AININA HUSNUL KHOTIMAH (01)

Siji Anggepan Sing Salah  Dening : Ainina Husnul Khotimah        Srengenge munggah njudul lewat etan.Sumilir angin gawe wit-witan podo ngawe-ngawe.Suara manuk kating manggung sesautan.Isuk iku Anjani lagi lungguh nang teras omah e.Ujug-ujug Arif teko dolan nang omah e Anjani.Arif iku konco lanang e Anjani sing wis dianggep koyo mas e Anjani dewe. "Assalamu'alaikum dek",kandhane Arif marang Anjani. "Wa'alaikumsalam mas,monggo lenggah riyen mas",jawab e Anjani. "Dek,,,langsung wae yo.Aku mrene arep ngajak dolan awakmu nang Srambang dek.Awakmu iso ogak?",takon e Arif marang Anjani. "Sepurane mas,lak dini iki aku gak iso dolan disek.Amergo tugas sekolah ku iseh durung rampung.Tapi lak sesok insyaallah aku iso mas.Mergo sesok aku ngepasi longgar gak ono kesibukan",jawab e Anjani. "Yo wes ngene wae dek,lak dino iki awakmu gak iso dolan sesok wae dolan e nang Srambang.Sesok tak parani nang omah mu dek,tak jemput jam 8 isuk ya...

Cerkak/ANIS NAFIDHATUS SHOLIKAH (02)

Gusti Kang Maha Agung Dening : Anis Nafidhatus Sholikah        Kira-kira wes ana wektu jam telu esuk. Anggota sak perangakat desa neng dusun ngisor wes podo teka kabeh, Delalah dino iki yo arep bakal ono rapat ruwat bersih deso kang arep dilaksanaake wulan ngarep. Bersih desa yo iku tradisi seng diananke saben sewulan sepisan. Masyarakat bakal ngresiki pekarangan rumah . Sak uwise kui, diteruske tontonan, yo peragane wong warga dusun ngisor kui maneh, yo kanti lomba-lomba kang dienek ke karo wong deso. Banjur acara pamungkas e yaiku pembagian hadiah lan mangan-mangan.       Nganti pak lurah iku gumun, Pak Tejo seng paleng sregep resik-resik, malah ora mlebu. “Gek ono opo yo?, Pak Tejo seng tukang resek-resek kui biasane mesti teko gasik”. Gawean seng kurang penting disek-sek, Ora suwi we wes rampung ganti nandangi liyan. Dadi wes perangkat desa teko kabeh rapat yo wes arep dilekasi pak lurah banjur medal neng pawon nggoleki garwone ngendiko :“...

Cerkak/ANTIKA DWI PUJI SUSANTI (03)

Mbah Midi Tuku Susu Dening : Antika Dwi Puji Susanti      Wayah wengi udan gerimis, Mbah Midi kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Midi menyang pasar golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Midi. Mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga. Penjaga: “Badhe mundhut punapa Mbah?” Mbah Midi kaget dicelok simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune. Mbah Midi: Menawi susu bubuk wonten mboten Mbokdhe?” Sing jaga kaget banget dicelok Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes keras marang Mbah Midi. Penjaga: “Loh kok dicelok Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah! Kok sakpenake dhewe nyelok Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!” Mbah Midi: “Lha sampeyan ngapa kok nyelok kulo simbah? Umurku lagi seket telu, kok dicelok simbah?” Penjaga: Loh, Rama kulo umure inggih seket papat sampun kagungan p...

Cerkak/APRILIA DEA REVIRA (04)

Musim Panen Pari Dening : Aprilia Dea Revira  Dina minggu, padak isuk aku lan kabeh kancaku dolan ning sawah andek omah. Ning sawah wis rame, akeh wong rono rene gawani alat panen pari, ana sing gelar layar kanggo jemur pari lan ana mbah-mbah gendongi senik. Mbahku sing melu golek panenan, aku masak utawa golek maem saben isuk. Aku :  Mbah, golek panenan ing pundhi ? Simbah :  Ning etan kui lo nduk.. Enek opo ? Aku :  Badhe ningali simbah panen hehe. Simbah : Ati ati lo nduk, ojo lali wayah Srengenge wayah isuk jemedul ing siseh wetan gawe semangat para petani kanggo golek pari. Simbahku sing wis umur, ora kalah semangate karo kanca-kancane golek panenan. Aku lan kanca-kanca mlayu-mlayu, uber-uberan mrono mrene dulinan kucing-kucingan banjur kuwi dolanan lompat tali ing duwur suket ijo campur karo damen bekas panenan. Pardi teko, Pardi :  Hei aku melu  Yanto :  Iyo Di, Rene o .. Cah cah yo ngenteni awakmu iki Pardi :  Dulin...

Cerkak/AUISE MARETHA CAHAYANI (05)

Kanca Cedak Dening : Auise Maretha Cahayani   Pit ,piye iki pit keri patang dino meneh awakdewe Ujian, kandane Susan karo aku. Hayo piye?, yo sinau ta ben isoh! jawabku. Bel masuk wes muni. Rung ono telung menit lebar bel Pak Gunawan wes rawuh. Pak Ketua, doni laangsung nyiapke kabeh murid ndongo arep pelajaran.   assalamualaikum warohmatuloohi wabarokatu,sapa Pak Gunawan.   wa'alaikum sallam warrohmatullohi wabarokatu, jawabe murid-murid. Pak gunawan iku guru matematika, beliau iku tegas,tur biasane disapa Pak Gun. Pelajaran wes dilekasi,  Pak Gun nerangke kabeh bab IV. Susan bingung, aku kok durung dong - dong yo pit?, omonge Susan ro aku lirih-lirih. Takon Pak Guru wae!, saranku. Nanging Susan mung meneng wae. Ketoke Susan ra wani takon. Pelajarane Pak gun wes rampung. Sak bar e Pak Gun metu, susan takon ro aku. Susan takon carane nggarap soal seng mau. Mestine susan tak warai. Rung rampung leh ku marai Bu Sri wes rawuh.  lek marai teruske ngko men...

Cerkak/AVRILIFA ARIN (06)

Medotke Pancing  Dening: Avrilifa Arin        Liburan tahun wingi nalika Rudi lan Rahman isih kelas enem SD, ing Magetan ana panggonan mancing ingkang terkenal ing desaku jenenge “Telaga Wahyu”. Telaga Wahyu iku sawijining panggonan wisata ing wewengkon Kabupaten Magetan. Luweh pas dumunung ig Desa Dadi Kecamatan Plaosan. Yen soko Magetan jarake 15 km. Telaga Wahyu iku panggonane sakwetane Telaga Pasir rada mangisor.       Rikala dina kekeloro liburan Bapake Rudi seng jenenge Lek Marwan, entuk brosur saka kancane wong Magetan. Bali saka kerjanan Lek Marwan arep menehi ngerti Rudi. Teko omah kancan Rudi, Rahman wis ana ing omahe Rudi, dadi Lek Marwan menehi ngrti Rahman barang. “Rudi, Rahman, rene le bapak arep menehi ngerti tentang bab liburan iki.” Omonge Lek Marwan ben bocah loro mau seneng lan gelem ngrungokke. “Ana apa pak.” Pitakon soko Rudi lan di lanjutne dening Rahman, “Iyo ana apa Lek.” “Iki bapak oleh brosuk mancing soko koncone...

Cerkak/CYNTIA VINDIANA (07)

Kekarepan Kang Ora Pedhot Dening : Cyntia Vindiana (07)     Ngadeg neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.      Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesti bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek perumahanku. Pak Noto. Bakul bakso  nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk “bakso Mas ” Aku banjur mbukak pager, mangan bakso karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak noto uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku bakso.  Pak Noto padha karo aku. Padha-padha wong s...