Cerkak/RAFHELINA JAYNATASIA M (26)



Nyaur Utang

Dening : Rafhelina Jaynatasia M


Ana rasa trenyuh ing atiku nyawang wong tuwa kuwi. Mesthine dheweke wis kudu leren ana ngomah, jebul nyatane isih panggah nyambut gawe najan mung dadi wong njejaluk ing pinggir dalan.
“ sepi, mbah?”bocah wadon udakara umur sangang taun nyedhaki  wong tuwa mau karo pitakon. Mbahne ora enggal wangsulan. Bocah mau dipangku karo diaras rambute kebak rasa asih. Polong plastik diulungake.
Aku mesem rungu tembunge bocah wadon mau. Pitakon kaya kuwi mesthine kawektu saka bakul siji marang bakul liyane, kanggo nuduhakelaris utawa orane anggone bebakulan. Nanging awan iki sing dak krungu, pitakone bocah marang mbahne. “ limang atus rupiah. Mung iki, mbah?” bacute sawise nampani polong semu gela. “ apa cukup kanggo mangan awake dhewe dina iki?”
“ sabar ta ndhuk,...Risa. Mengko rak oleh tambah”,wangsulan wong  tuwa mau karo ngelus-elus rambute putune sing katon reged  sajak suwe ora kramas, “lha kowe dhewe wis oleh pira ta?” bacute wong tuwa mau. Putune ngulungake plastik isi dhuwit receh. “ gene kowe lha kok lagi oleh pitungatus rupiah ‘celathu ne mbahne maneh. “ wis kana enggal golek maneh...aja lali serbete digawa”
Brabat. Risa  mlayu ninggalake mbahne. Nyabrang  dalan sing wektu kuwi lagi rame kendaraan sing padha liwat. Sedhela wae daksawang Risa wis ngadeg cedhak mobil sedan warna ireng sing lagi mandheg marga lampu stopan murub abang. Tangane wiwit nyerbeti spion mobil mau. Saka kadohan aku weruh sopir mobil ngulungake dhuwit receh saka jendhela .
Kekes rasane atiku tukhul maneh. Risa  bocah sing lagi seneng seneng dolan, pranyata wis kudu golek dhuwit kanggo nyukupi uripe.
“ wonten menapa sepedha motore, dhik?” gragapan aku krungu pitakone wong tuwa kuwi marang aku
“ anu, pak. Menika lho, bane wingking kecocog paku (wangsulanku)
“ lha nika...wonten tukang tambal ban!”
“ nggih... nanging...”ora dak bacutake wangsulaku. Isin
“ wonten napa?”
“ dhompet kula ical”
“ pinten ta, prabeyane nambal ban iku?”
“ sekawan ewu”
“ cobi sampeyan mriki” kandhane karo ngawe awe
Aku kaget. Jebule wong kuwi tangane ora ganep. Sing tengen drijine mung ana loro, dene sing kiwa malah ora duwe epek-epek. Bareng aku wis cedhak, dheweke menehi plastik isi dhuwit receh karo kandhane
“ arta niki sampeyan ngge ongkos nambal ban, dhik”
“ ah mboten, pak”
“ sampun ta, kula lila kok. Sanes wekdal saged dipun wangsulaken. Katimbang kedangon dumugi ndalem. Rak taksih tebih ta daleme?”
Kapeksa dhuwit tak tampani. Sawise ngaturaken panuwun, aku age-age nenyang tukang tambal ban sing dhasar ora adoh saka papan kono. Ing batin, aku janji sesuk sore bakal dak baleke dhuwite mau kanthi luwih akeh.
Sore iki langite katon sumilak. Sunar abang nyemburat ana jagad sisih kulon. Sedhela maneh angslup. Bubar bali saka nyambut gawe, aku sida arep mbalekake dhuwit marang wong tuwa sing wis tetulung aku wing. Nanging emane dheweke ora daktemokake ing papan kono. Bejaku, aku isih nyumurupi Risa sing lagi ngadeg ing dalan prapatan ngenteni lampu setopan murub abang kaya biasane.
Risa...!” celathuku sora. “ mreneya, dhik. Aku arep takon. Simbahmu ana ngendi?” pitakonku marang bocah mau sawise dheweke nyedhak
“wis ora ana”wangsulane cekak.
“ora ana piye? Ana ngendi?”
“ wis mati
“ mengko dhisik ta, banjur kowe urip karo sapa?” pitakonku isih durung ngerti karepe.”
“ibuku”
“ banjur omahmu ngendi?”
Risa ora wangsulan. Malah mripate kembeng eluh. Dak cekel pundhake karo ngarih-arih supaya gelem menehi weruh ngendi omahe, dadi aku bisa ketemu ibune Marsih lan mangerteni ana ngendi dununge wong tuwa sing wis nandur kebecikan marang aku wingi awan.
Sidane Risa gelem dakboncengake pit motor tumuju omahe sing penere mangkulon saka papan kene. Bareng tumeka kreteg gedhe tur dawa, dheweke njaluk mudhun. Banjur mlaku dhisiki nurut tanggul kali jembar. Ing ngisor kreteg, ana gisiking kali, dheweke nudhuhake gubug. Jare kono kuwi omahe, banjur klepat mlayu lunga.
Aku mlebu sawise uluk salam. Wong wadon sing isih enom mbagekake tekaku.
“ nepungaken, mbak. Kula Dodit
“ ngoko wae. Aku Sari ibune Risa. “
“ ana perlu teka mrene?” pitakone
“ ana ngendi wong lanang sing jarene  mbahe Risa ? Wangsulanku ganti takon “ aku arep nyaur utang” kandhaku maneh karo ngandhakake larah-larahe marang Sari.
“ pira utangmu?”
“ patang ewu. Mula gandheng aku ora bisa ketemu, dhuwit iki wenehna” wangsulanku ngulungake dhuwit eketan ewun.
“ ora usah kok saur. Bapakku wis lila. Idhep-idhep kanggo sangu ning kanane.”
“ bapak wis tinggal donya wingi sore. Tiba saka truk sing ngangkut bapak lan kanca-kancane nalika kutha kene ngadani razia pengemis lan glandangan. Layone dirukti din iki uga” critane Yanti
Atiku kaya sinendhal krungu kandhane wong wadon iki. Ing batin aku ndonga,muga- muga arwahe wong tuwa sing dakanggepe luhur bebudene tinampa dening Kang Maha Kuwasa. Nanging gumunku, anggone crita kaya ngono mau Yanti babar pisan ora nuduhake polatan kang sedih. Praupane ajeg sumringah. Mulai tuwuh ptitakonku marang dheweke.
“ kowe ora sedih?”
“ apa gunane? Yen aku sedih, nggetuni ditinggal mati wong tuwa, ateges aku lan Risa bakal ora bisa mangan,amarga aku banjur ora nyambut gawe’ wangsulane isih kanthi swara canthas.
“ nyambut gawemu apa?”
“dodolan iki (wangsulan karo nuding perangane awak sing penere ngisor puser). Perangane
“ apa entuk yen tuku kuwi ?”
“ kena wae. Saiki? Neng kene?” wangsulane karo wiwit nguculi penganggone. Nanging durung wae daster sing dienggo uwal saka awake, aku mbacutake.
“ dudu kuwi karepku. Yanti.”
“ banjur?”
“ kowe dak tuku kanggo brayan urip. Kuwi yen kowe gelem dadi bojoku, sing nyambut gawe dadi kuli bangunan”
Sari ora wangsulan. Mripate tajem nyawang aku. Lambene sing abang digeget, terus ambruk ing pangkonku karo nangis. Aku ora mentala nyawang kahanane. Ewasemono atiku bungah kanthi mengkono rasane atiku dadi lega, aku wis bisa ngluwari nyaur utang marang bapake Sari.       

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak/CYNTIA VINDIANA (07)